PUASA: DUDU NAMUNG LUWE, NANGING LELAKU TRESNA MARANG GUSTI ALLAH

PUASA: DUDU NAMUNG LUWE, NANGING LELAKU TRESNA MARANG GUSTI ALLAH

Citra hukum
Rabu, 18 Februari 2026


Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Sedaya puji konjuk dhumateng Gusti Allah SWT ingkang tansah paring rahmat, hidayah, lan pangayoman, saéngga kita taksih kaparingan wekdal, umur, lan kasarasan kanggé nglampahi ibadah puasa Ramadhan.

Shalawat saha salam mugi tansah
kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, kulawarga, para sahabat, lan umatipun ngantos dumugi dinten kiamat.

Puasa Dudu Namung Nahan Luwe

Puasa Ramadhan boten namung nahan luwe lan ngelak. Puasa minangka lelaku batin, lelampahan iman, lan wujud katresnan kita marang Gusti Allah. Ibadah punika dipun dhawuhaken supados umat Islam saged nggayuh derajat takwa, ngendhaleni hawa nafsu, lan ngresiki ati saha akhlak.

Rasulullah SAW ngendika:

“Man shāma Ramaḍāna īmānan waḥtisāban ghufira lahu mā taqaddama min dzanbih.”
(HR. Bukhari lan Muslim)

Tegesipun: Sintên kemawon ingkang puasa Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep ganjaran saking Allah, dosa-dosanipun ingkang sampun kapengker badhe dipun apura.

Hadis punika negesaken bilih puasa kedah adhedhasar iman lan keikhlasan, boten namung dados rutinitas tahunan.

Lesan lan Tumindak Ugi Kudu Puasa
Rasulullah SAW ugi maringi pangeling:

“Man lam yada‘ qawla z-zūr wal-‘amala bih, fa laisa lillāhi ḥājatun fī an yada‘a ṭa‘āmahu wa sharābahu.”
(HR. Bukhari)

Tegesipun: Sintên ingkang dereng ninggal ucapan goroh lan tumindak ala, Allah boten butuh piyambakipun nahan mangan lan ngombe.

Maknanipun cetha, puasa boten namung babagan weteng. Lesan, pikiran, lan tumindak ugi kedah dipun jaga.

Wonten guyonan prasaja ingkang ngemot piwulang jero. Nalika wonten tiyang ngendika, “Sabar, iki lagi puasa,” nanging nalika wonten gangguan lajeng nesu, kancanipun nyeletuk, “Wetenge sampun puasa, nanging lesane dereng.” Guyonan punika ngelingaken bilih pengendalian diri punika inti saking puasa.

Aja Namung Pikantuk Luwe

Rasulullah SAW ngendika:

“Rubba ṣāimin ḥaẓẓuhu min ṣiyāmihi al-jū‘ wal-‘athash.”
(HR. Ahmad)
Tegesipun: Akeh tiyang ingkang puasa, nanging ingkang dipun pikantuk namung luwe lan ngelak.

Piwulang punika dados pangeling supados umat Islam boten namung nglaksanani puasa kanthi lahiriah, nanging ugi kanthi kesadaran spiritual.

Puasa Minangka Tameng

Rasulullah SAW ngendika:

“Ash-shiyāmu junnah.”
(HR. Bukhari lan Muslim)
Tegesipun: Puasa punika tameng.

Tameng saking dosa, tameng saking nesu, lan tameng saking hawa nafsu. Menawi dipun lampahi kanthi leres, puasa saged ndadosaken gesang langkung tentrem lan tertata.

Tandha Puasa Ingkang Sukses

Rasulullah SAW ngendika:

“Idzā kāna yaumu shaumi aḥadikum fa lā yarfuts wa lā yashkhab.”
(HR. Bukhari lan Muslim)

Tegesipun: Menawi salah satunggaling panjenengan lagi puasa, aja ngendika reged lan aja nesu.

Puasa ingkang sukses boten namung rampung nalika adzan Magrib, nanging ninggalaken bekas iman lan akhlak ing gesang saben dinten, kalebet sasampunipun Ramadhan.

Doa Sadurunge Buka Puasa

Allahumma laka shumtu,
wa bika aamantu,
wa ‘ala rizqika afthortu.

Birohmatika yaa arhamar roohimiin.

Tegesipun
Dhuh Allah, awit Panjenengan kawula puasa, dhumateng Panjenengan kawula iman, lan kaliyan rezeki saking Panjenengan kawula mbatalaken puasa. Kanthi sih rahmat-Mu, dhuh Gusti ingkang Maha Welas Asih.
Doa Sasampunipun Buka Puasa
Dzahabazh zhoma’u,
wabtal latil ‘uruuq,
wa tsabatal ajru insyaa Allah.
Tegesipun:
Wis sirna rasa ngelak, wis teles urat-urat badan, lan mugi ganjaran tetep wonten, insya Allah.

Panutup:

Sedaya tiyang saged nahan luwe, nanging mboten sedaya saged nahan hawa nafsu. Mugi puasa Ramadhan boten namung nahan weteng, nanging dados lelaku tresna marang Gusti Allah ingkang nglairaken takwa lan akhlak mulya.

Wallahu a‘lam bish-shawab.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dipun susun dening:
Ust. M. Arifin Joko Winahyu, S.H.